Guluku Kenger
Oleh
: Mohammad Khoirul Tamam
Ing
desa pojokan, desa sing nduweni aran Desa Kalimireng iku saiki dadi desa sing
ora mane keramut karo tangan pemeritah. Merga iku kampung-kampinge ya wes ora
apik maneh, dalane rusak, ake laraan keleleran, banyu kali sing wes reged,
belduk kapur pedhel lan beluk pabrik. Mula ambune ya ora sedep kayak
panggonan-panggonan liyane. Ana wong seng rada gendheng, wong iku nduweni aran
Sudrun. Wektu iku sudrun kaya biasane marak-marik gawa tongkat sing pucuke
cancangan kresek abang putih.
“Gedhek-gedhek pabrik ngendhi-ngendhi mangan
dalane tambak lan sawah, gedhene
mabrong-mabrong kanthi ora ketok pucuke saking meripat, langit wes suwek
ora ono sing ndondomi maneh”
Omongane sudrun kanthi
cetho ndadekno wong-wong kampung podo apal omongane, merga iku ake wong kang
sakno marang sudrun.
“Apa kuwe wes siap mene kuwi dadi manten, kok dolan
merene iku yaopo, jange ya ning omah wae ngerewangi tandhang gawe” omongane
muntia sing jogo warung marang yanti.
“ora apa-apa mbak, ning omah ya wis akeh wong sing
pelandang, tapi ya ngunu iku mbak.” Jawabe yanti mbari sedih.
“kowe aja
khawatir tho ti, urip iku kudu di syukuri aja ngersula wae, masia awakmu saiki keadaane ngene, urip ijenan
ning sumpeke pabrik iki, ora ana sing sadar, wong cilik pancen kalah mbari wong
gedhe. Tapi kene gudu tetep dadi wang tuwa sing sregep ngupeni anak supaya
pinter, kaya sudrun kuwi” muntia nenangake yanti.
“Aku lagek ngerasa salah mbak marang sudrun lan
ibuk, ning atiku isih ana sing ngganjel, bapak ya ngunu” banjur yanti nangis.
Sudrun pancen wong sing setia lan tanggung jawab.
Wang desa ya padha gela nyawang tindak tanduke sudrun saiki.
Wektu
cilik sudrun iku arek sing sergep, pinter lan apik marang kanca liyane. Bathuk
bolu isine madu, denen lek duwe apa-apa mesti menehi kanca liyane, saben ana PR
utawa tugas sudrun ya sergep ngerjakno ning omah banjur hasile dikekno
rame-rame marang kancane, rembukan nggarap soal marang kanca liyane kanthi
rukun. dadine kanca-kancane ya seneng marang sudrun, sikape sudrun ya seneng
wae iso ngerewangi.
Kepinterane
sudrun ndadosake sudrun keterima sekolah SMA favorit ning kota, ana daulate ora
ana begjane, tapi ora dileboni dening sudrun, amerga sudrun ora gelem
ninggalake ibuke sing urep dewenan ning desa, sudrun pengen ngerewangi ibuk
kaet 15 taun ditinggal bapake nyambut gawe ning malaysia. Kabar-kabare ya ning
kono ditinggal rabi maneh marang rondo anak 3. Cerita kasebut uga ndadekno
keluargane sudrun malah melarat ora ana maneng sing nafkahi sudrun lan ibuke.
“le, awakmu sing sabar ya, ibuk nyambut gawe sak
tepake gawe nyekolahno awakmu, pokoke
awakmu sinau sing temen sekolah sing sergep supaya dadi uwong”
Omongane ibuk sing saben dieleng sudrun kanggo
sergepaning urip. Mula iku sudrun saiki wes ngerti keadaane ngene iki, sudrun luweh dewasa kelakoane marang masalah-masalah sing
teko ing awake.
Sudrun
milih sekolah SMA ning desane cedhek ambi segara lor sing adem lan cedhek ambi
pasar iwak. Dene lek muleh sekolah terkadang sudrun lan kanca liyane
byur-byuran ning segara. Bapak lan ibu guru uga seneng marang sudrun, merga
asring juara kelas ing saben lomba antarane kelas,
ngarang cerita, gawe geguritan, uga biji ingkang becik ing saben pelejaran umum
ning sekolah. Mula iku ndadekna sudrun katon cepaka sewakul.
Iku
sebabe sudrun luwih seneng urip ning desa sing asri, resik, ijo, uga kaline sing
banyune bening ngalir ning segara. Mula biasane di enggo warga umba-umbah,
adus, masak, masia kadang ambu amis, rada beldhuk, lan wayah-wayah banyu asat
amerga hawa panas nemen uga ambune Pabrik Batu Bara lan sedotan lengo bumi ing
pojok desa.
Saben
isuk jam 5 subuh sudrun ngerewangi ibuk kulaan iwak ning pasar iwak. Banjur jam
6 didolake mumet ning desa-desa nggawe geledekan sing disurung. Iwak sing didol
ya macem-macem, ana iwak pindang, gereh, bandeng, kerang, iwak pe, mujaer, lan
liya-liyane. Masia ibuk ngamek bathi sitik, seng penting laris lan iso
disisihake gawe nyekolahno sudrun. Sudrun seneng banget isa ngerewangi ibune
ning kampung. Banjur jam 10 sidrun lan ibue muleh, kadang sawise dodol iwak
sudrun mampir ngerewangi pamane ning sawah metek lombok lan nyingkal lempung,
banjur nyiapake gawe berangkat sekolah.
Ana
makelar tanah sing arep nawakno tanahe warga desa marang direktur pabrik.
Biyasane ya warga wektu kepepet ora due dhuwit kanggo keperluan, banjur sugeng
nawakake tanah sawahe warga supaya gelem didol marang wong-wong gedhe. Sugeng
sing biyasane gawa meteran lan buku gedhe iku omahe ing desa nyabrang kali.
Kadang warga ya radha geting, amerga sugeng seneng menehi guna-guna warga sing
utang ding dhewee, nanging telat bayare.
“kira-kira ana pirang hektar maneh tanah sing arepe dak
bangun ning kene...?” direktur
ngomongake tanah sing arep dituku.
“iki pak, kira-kira 5 hektar ning pojok sawah iku
banjur separuh omae warga smpek pinggir kali” jawab sugeng mbari nyuding sawah.
“ oh yo, masalah dhuwit mengko kowe jupuk dewe ning
bank. Iki ana 60 yuta sek gowoen,
kurangane dak wenehi cek”
“hahaha, tenang pak..!!” jawabe sugeng nampa amplop
kandel mbare nguyu.
Merga
sugeng nyawang dhuwit sing sak munu akehe, nganti ora diringekake omongane
direktur iku.
“mene nek sak wayah-wayah aku wes siap. Iso-iso aku
langsung nguruk sawah iki njur gusur omah-omah iko sampek mepet kali yo?”
direktur iku menehi layang kuwasa.
“nggeh bos monggoh..!!” car-cor kaya kurang
janganan. Ora diwaca lan dipeker dhowo sugeng nandatangani layang perjanjian
iku.
Kedadean
iku sudrun ngerti teka amangane warga ning pasar. Sudrun mikir yen kampung iki
dadi pabrik maneng, terus mbesok kape dadi opo. banjur dheweke nulis lan
ngungkit masalah pembangunan pabrik ning koran lan pemerintah, supaya
dibatalake, nanging ora digubris dining pemerintah lan ora diterima marang wong
sing nduwe koran. Sudrun bingung, banjur ngumpulake warga kanggo demo ning
kecamatan tapi ya ora digugu marang warga. Padahal imbase pabrik wes nggerahno
masyarakat.
“Sawangen sudrun iku. Ana ae karepe, Tapi pie maneh
bee pabrik podo tutup terus kabeh podo nyambut gawe nek ndi maneh, sawah yo wes
didoli mergo ora ana hasile..!!” muntia ngomongake kedadean iki marang yanti.
“enggeh mbak, tapi saktemene mas sudrun iki nduwe
karep sing apik lo” jawabe yanti
Tambah
melarate keluarga sudrun, amerga dhasare ibuk sing ora payu maneh iwake,
meripate wis abang-abang kanthi bosok, ditambah maneng ibuk tambah saya tambah
tuwa, asring lara-laraen kayata darah rendah lan dada sesek merga beluk pabrik ndadekno
sudrun milih ora sekolah maneh. Dee ngeramut ibuke lan disambi nerusake dasare
ibuk.
“ibuk, mpun ndolok mawon, sampean istirahat ben kula
terusaken niki, kila sampun sreg yen mboyen sekolah male” tangise sudrun
ing kamare ibuk.
“Nak, ibuk ora popo, awakmu sekolaho wae sing
pinter, ibuk gak gelem nyusahno awakmu”
“mboten buk, mboten napa-napa acik-acik pucuking
eri”
Keringi
kabar iku, yanti pacare sudrun sing wes oleh rong taun melu sedih. Padahal
kurang 5 ulan maneng wes lulus sekolah. Yanti sing sebenere anake pak sugeng
iku asring dijak metu bengi muleh dalu. Kadang ketemuan ning warunge muntia,
iku wes biasa. cintane yanti ning sugeng ndadekno omongan warga liyane.
Ujug-ujug ana kabar wong loro iku apene rabi kurang 2 ulan maneng kerungu
sampek tohari, mantane yanti.
“jamput, pokoke aku gak gelem nek yanti rabi karo
arek kere iku, aku kudu mandekno kedadean iki, yaopo carane aku kudhu ngelereni
iki.. ??” tohari bingung, ngomong ning duqik,
kancane.
“gampang bro, gondolen yanti terus garapen arek iku,
baringunu fitnahen sudrun supaya ora sido rabi.” jawabe duqik enteng.
“apik iku, mene bengi ayo rewangono aku nggarap arek
iku. kokjak bapake ndelok tanah sawah, banjur aku dak nyamar melbu ning njero
omahe”. Tohari ora mikir dhowo.
“tapi ana syarate, menehana aku dhuwit gawe nambal
bolonge bro” nyodong tangane duqik.
“tenang broo..” jawbe tohari mbari ngguyu cilik,
bubuk oleh leng.
Bengi
iku rencanane wong loro mlaku lunyu, iwak kalebu ing wuwung. Sugeng ketemu duqik dolan menyang warunge muntia.
“lek, tanah kosong sing omboe 8 hektar ning kene iku
pingger ndi ya lek..??” duqik mbukak guneman marang sugeng.
“kapene lapo awakmu, kok dungaren takok tanah
barang.” Jawabe rada curiga.
“ora opo-opo lek, sang konco winginane nggolek
tanah, jarene apene digawe gudang, nek ana ya mengko diopahi arekke.” Nutupi
kedadean sing nggarai curiga.
“yawes, mariki kowe melu aku, mengko dak sudokno.”
Tohari
nggawe topeng sawah lan wes siap pragate. Pelan-pelan melbu kamare yanti,
tohari seneng nyawang yanti nggawe klambi lan sewek cekak katon sampek pupune
sing putih iku. Mula dheweke langsung
nyopot klambine yanti lan kelambine dhewe. Yanti tangi lan sadar bengok-bengok,
banjur tohari napuk raine yanti lan mbungkem raine kanthi semaput.
“hahaha sayang, salae awakmu bien kok mutusno aku,
padahal aku bien lagek seneng marang awakmu, saiki rasakno dhewe.. hahaha ...”
Suasana sepi ndadekno tohari luwih sergep ngerakut
yanti. Barang wes kesenengen, dheweke mereh liwat mburi omah ambi ora
kelambenan.
Isuke
yanti sadar lan nangis wadhol menyang bapake. Sugeng kaget lan ngamuk lan janji
sapa sing nuroni anake bakal diguna-guna dadi gendeng, keringi omongan iku wong
desa pada wedi lan ngerasani keluargane sugeng. Tohari nyobak manasi tohari
ning warung.
“aku ngerti pak, sinten sing nganu anake sampean.”
“sapa ceritanana, agen mengko dak mei dhuwit..?”
jawabe sugeng.
“tapi mbok yoa aja kanda sapa-sapa lek berita iki
tekan aku..!!” keweden konangan.
“kowe iku kakean gludhug kurang udan, tenang wae,
agen kok.!” Sugeng mendelek.
“iyo, aku wingi dalu ketok sudrun melbu omae
sampeyan, mlakune beda, mbuh lapo, tapi ketoke lampune dipateni njur krungu
swara njeritt..” tegesse tohari kanthi pelan.
Tanpa omongan pak sugeng menehi dhuwit, banjut
budhal menyang dukun ing desa bajing.
Bengine sudrun sambat
awake radagak enak, turu klibat-klibet ora karuan.
“cung kowe orapopo le, meripatmu abang, peragatmu ya
ora kaya biyasane?.” Cetoe ibuk.
“awakku cek panase megilan ya.. apaa iki, kula siram
riyen buk.”
“aja le ora apik adus dalu, turua kemulan nek kamar,
tak gawekna kompres.” ngekum anduk.
“kowe istirahat sek le, awakmu pegel sedino mari
nyambut gawe ngunu, ikilo umbihen tak gawekna wedang jahe.. uhukk” cethae ibuk.
Barang
isuk njemun ibuk kaget, nyawang kamare sudrun sing korat-karit kaya kapal
pecah.
“mbok, anakmu, anakmu kumat, ngorat-ngaritno
warungku, yaopo sampean iki anake sampean kok dadi gendeng ngene” muntia
mbengok nyusul ibuk. Ujug-ujug ibuk lan muntia marani sudrun sing wes dibancang
lan dipasung karo sugeng.
“pak, tolong iki ngunuh anakku kok sampiyan pasung
iki yaopo. Tolong sampeyan bukak, iki ngunu duduk kewan. Le, kowe kok dadi
ngene le.. sadar le..” karo nangis nyobak nyopot gembok lan ngerakut sudrun ing
rubungan wong ake.
“anakmu iku mbok yo kandanana, yen wes ora usah
parek-parek anakku maneh, iki akibate poilae metengi anakku.” Omongane sugeng
seng dirungokake warga.
“pengeran iku adil.!! Anakku kaet cilik sampek gedhe
ora tau tak didik koyok ngunu, aree apik, duwe tata krama, ora mungkin yen
sudrun sing metengi yanti, pak.. tolong
pak....” tangise ibu.
Ujug-ujug
yanti teko marani rame-ramene warga lan kaget nyawang sudrun sing dipasung kaya
ngunu, yanti nangis ngerakut ibuk lan sudrun. Dene yanti ora percaya lek iki
kedadean marang pacare.
“pak, mboten sudrun pak, aku yakin sudrun niku tiyange
sae pak, tolong sampean bukak pasung niki”
yanti nggandoli celonone pak sugeng.
“gak mungkin, gak mungkin, aku nyawang rupa-rupa
amburadul, rahiku ilang.. ning endi rupa ku? Koen selidekno nak ndi rupaku?? Gowoen
rene, tak gowoe muleh , dak balekno maneng
ning siraku dhewe..?? igakk, igak..” sudrun ngamuk-ngamuk ora karuan
karo mendeliki lan nyuding-nyuding meripate pak sugeng.
“wak jono.. wak jono.. anakmu kumat wak jono” bengoke sugeng.
“mas sadar mas, mas sadar..”
Ora
suwe tohari sing teko sawah nyedheki rame-ramene warga. Dheweke ngguya-ngguyu
nyawang rupane sudrun seng dipasung ning nggarepe, banjur nyedheki yanti lan
nenangake yanti ning mburine wong-wong. Sapa salah saleh, topeng ireng sing nak pundake tohari konangan
yanti.
“tolong-tolong, iki wonge, mas tohari sing nganu
aku, bapak tolong.!!” Bengoke yanti. Banjur tohari dicekeli wong akeh lan yanti
njelasake sing sebenere memperkosa dheweke yoiku tohari, merga nggawe topeng
sing padha mbari kedadean bengi iku.
Tohari
ora gelem ngaku, banjur sugeng njotosi pipine lan raine tohari kanthi ajur
mumur merga kenek akiqe sugeng, banjur gelem ngaku. Akhire tohari di udohi
marang warga lan diarak mumeti desane. Kedadean iku ndadekna gempar warga,
tohari sing udho mau di cuthat kaya cacing ing kali sing wes reged.
“bapak njaluk sepura nak, bapak ora bisa ngatur
emosi bapak. Kedadean iki bapak Salah faham merga difitnah dhemit iku.” Sugeng nangis lan ngerakut yanti sing wes lemes semaput
ngerasakno cobaan iki.
Olehe
sak pendak, yanti kabare wes siap dijuduhno bapake marang wong duda kampung
wetan. Sudrun ora bisa waras maneh, masia wis ditambakake sugeng marak-marek ning ndi-ndi. Ujug-ujug
warga kampung pinggir kali gempar pada ngelabrak omahe sugeng, merga tanah lan omahe
ana sing digusur marang bego-begone proyek, lan tanah dipasangi patok’e pabrik.
Warga padha njaluk tanggung jawabe sugeng. Nanging sugeng ora bisa jawab lan
ngetokno ganti rugi merga dhuwite wes entek gawe nambakno sudrun lan kgawe
kemantene anake.
“Gedhek-gedhek pabrik ngendhi-ngendhi mangan dalane
tambak lan sawah, gedhene
mabrong-mabrong kanthi ora ketok pucuke saking meripat, langit wes suwek
ora ono sing ndondomi maneh” cethoe sudrun.
#lirik -> http://tamamkhoirul.blogspot.co.id/
0 komentar:
Posting Komentar