body{display:block; -khtml-user-select:none; -webkit-user-select:none; -moz-user-select:none; -ms-user-select:none; -o-user-select:none; user-select:none; unselectable:on;}

cerkak basa jawa timuran menarik terbaru 2016

Sabtu, 17 September 2016



Guluku Kenger

Oleh : Mohammad Khoirul Tamam

            Ing desa pojokan, desa sing nduweni aran Desa Kalimireng iku saiki dadi desa sing ora mane keramut karo tangan pemeritah. Merga iku kampung-kampinge ya wes ora apik maneh, dalane rusak, ake laraan keleleran, banyu kali sing wes reged, belduk kapur pedhel lan beluk pabrik. Mula ambune ya ora sedep kayak panggonan-panggonan liyane. Ana wong seng rada gendheng, wong iku nduweni aran Sudrun. Wektu iku sudrun kaya biasane marak-marik gawa tongkat sing pucuke cancangan kresek abang putih.
 “Gedhek-gedhek pabrik ngendhi-ngendhi mangan dalane tambak lan sawah, gedhene  mabrong-mabrong kanthi ora ketok pucuke saking meripat, langit wes suwek ora ono sing ndondomi maneh”
Omongane sudrun kanthi cetho ndadekno wong-wong kampung podo apal omongane, merga iku ake wong kang sakno marang sudrun.
“Apa kuwe wes siap mene kuwi dadi manten, kok dolan merene iku yaopo, jange ya ning omah wae ngerewangi tandhang gawe” omongane muntia sing jogo warung marang yanti.
“ora apa-apa mbak, ning omah ya wis akeh wong sing pelandang, tapi ya ngunu iku mbak.” Jawabe yanti mbari sedih.
“kowe  aja khawatir tho ti, urip iku kudu di syukuri aja ngersula wae,  masia awakmu saiki keadaane ngene, urip ijenan ning sumpeke pabrik iki, ora ana sing sadar, wong cilik pancen kalah mbari wong gedhe. Tapi kene gudu tetep dadi wang tuwa sing sregep ngupeni anak supaya pinter, kaya sudrun kuwi” muntia nenangake yanti.
“Aku lagek ngerasa salah mbak marang sudrun lan ibuk, ning atiku isih ana sing ngganjel, bapak ya ngunu” banjur yanti nangis.
Sudrun pancen wong sing setia lan tanggung jawab. Wang desa ya padha gela nyawang tindak tanduke sudrun saiki.
            Wektu cilik sudrun iku arek sing sergep, pinter lan apik marang kanca liyane. Bathuk bolu isine madu, denen lek duwe apa-apa mesti menehi kanca liyane, saben ana PR utawa tugas sudrun ya sergep ngerjakno ning omah banjur hasile dikekno rame-rame marang kancane, rembukan nggarap soal marang kanca liyane kanthi rukun. dadine kanca-kancane ya seneng marang sudrun, sikape sudrun ya seneng wae iso ngerewangi.
            Kepinterane sudrun ndadosake sudrun keterima sekolah SMA favorit ning kota, ana daulate ora ana begjane, tapi ora dileboni dening sudrun, amerga sudrun ora gelem ninggalake ibuke sing urep dewenan ning desa, sudrun pengen ngerewangi ibuk kaet 15 taun ditinggal bapake nyambut gawe ning malaysia. Kabar-kabare ya ning kono ditinggal rabi maneh marang rondo anak 3. Cerita kasebut uga ndadekno keluargane sudrun malah melarat ora ana maneng sing nafkahi sudrun lan ibuke.
“le, awakmu sing sabar ya, ibuk nyambut gawe sak tepake gawe nyekolahno awakmu, pokoke  awakmu sinau sing temen sekolah sing sergep supaya dadi uwong”
Omongane ibuk sing saben dieleng sudrun kanggo sergepaning urip. Mula iku sudrun saiki wes ngerti keadaane ngene iki, sudrun luweh dewasa kelakoane marang masalah-masalah sing teko ing awake.
            Sudrun milih sekolah SMA ning desane cedhek ambi segara lor sing adem lan cedhek ambi pasar iwak. Dene lek muleh sekolah terkadang sudrun lan kanca liyane byur-byuran ning segara. Bapak lan ibu guru uga seneng marang sudrun, merga asring juara kelas ing saben lomba antarane kelas, ngarang cerita, gawe geguritan, uga biji ingkang becik ing saben pelejaran umum ning sekolah. Mula iku ndadekna sudrun katon cepaka sewakul.
            Iku sebabe sudrun luwih seneng urip ning desa sing asri, resik, ijo, uga kaline sing banyune bening ngalir ning segara. Mula biasane di enggo warga umba-umbah, adus, masak, masia kadang ambu amis, rada beldhuk, lan wayah-wayah banyu asat amerga hawa panas nemen uga ambune Pabrik Batu Bara lan sedotan lengo bumi ing pojok desa.
            Saben isuk jam 5 subuh sudrun ngerewangi ibuk kulaan iwak ning pasar iwak. Banjur jam 6 didolake mumet ning desa-desa nggawe geledekan sing disurung. Iwak sing didol ya macem-macem, ana iwak pindang, gereh, bandeng, kerang, iwak pe, mujaer, lan liya-liyane. Masia ibuk ngamek bathi sitik, seng penting laris lan iso disisihake gawe nyekolahno sudrun. Sudrun seneng banget isa ngerewangi ibune ning kampung. Banjur jam 10 sidrun lan ibue muleh, kadang sawise dodol iwak sudrun mampir ngerewangi pamane ning sawah metek lombok lan nyingkal lempung, banjur nyiapake gawe berangkat sekolah.
            Ana makelar tanah sing arep nawakno tanahe warga desa marang direktur pabrik. Biyasane ya warga wektu kepepet ora due dhuwit kanggo keperluan, banjur sugeng nawakake tanah sawahe warga supaya gelem didol marang wong-wong gedhe. Sugeng sing biyasane gawa meteran lan buku gedhe iku omahe ing desa nyabrang kali. Kadang warga ya radha geting, amerga sugeng seneng menehi guna-guna warga sing utang ding dhewee, nanging telat bayare.
“kira-kira ana pirang hektar maneh tanah sing arepe dak bangun  ning kene...?” direktur ngomongake tanah sing arep dituku.
“iki pak, kira-kira 5 hektar ning pojok sawah iku banjur separuh omae warga smpek pinggir kali” jawab sugeng mbari nyuding sawah.
“ oh yo, masalah dhuwit mengko kowe jupuk dewe ning bank. Iki  ana 60 yuta sek gowoen, kurangane dak wenehi cek”
“hahaha, tenang pak..!!” jawabe sugeng nampa amplop kandel mbare nguyu.
            Merga sugeng nyawang dhuwit sing sak munu akehe, nganti ora diringekake omongane direktur iku.
“mene nek sak wayah-wayah aku wes siap. Iso-iso aku langsung nguruk sawah iki njur gusur omah-omah iko sampek mepet kali yo?” direktur iku menehi layang kuwasa.
“nggeh bos monggoh..!!” car-cor kaya kurang janganan. Ora diwaca lan dipeker dhowo sugeng nandatangani layang perjanjian iku.
            Kedadean iku sudrun ngerti teka amangane warga ning pasar. Sudrun mikir yen kampung iki dadi pabrik maneng, terus mbesok kape dadi opo. banjur dheweke nulis lan ngungkit masalah pembangunan pabrik ning koran lan pemerintah, supaya dibatalake, nanging ora digubris dining pemerintah lan ora diterima marang wong sing nduwe koran. Sudrun bingung, banjur ngumpulake warga kanggo demo ning kecamatan tapi ya ora digugu marang warga. Padahal imbase pabrik wes nggerahno masyarakat.
“Sawangen sudrun iku. Ana ae karepe, Tapi pie maneh bee pabrik podo tutup terus kabeh podo nyambut gawe nek ndi maneh, sawah yo wes didoli mergo ora ana hasile..!!” muntia ngomongake kedadean iki marang yanti.
“enggeh mbak, tapi saktemene mas sudrun iki nduwe karep sing apik lo” jawabe yanti
            Tambah melarate keluarga sudrun, amerga dhasare ibuk sing ora payu maneh iwake, meripate wis abang-abang kanthi bosok, ditambah maneng ibuk tambah saya tambah tuwa, asring lara-laraen kayata darah rendah lan dada sesek merga beluk pabrik ndadekno sudrun milih ora sekolah maneh. Dee ngeramut ibuke lan disambi nerusake dasare ibuk.
“ibuk, mpun ndolok mawon, sampean istirahat ben kula terusaken niki, kila sampun sreg yen mboyen sekolah male” tangise sudrun ing  kamare ibuk.
“Nak, ibuk ora popo, awakmu sekolaho wae sing pinter, ibuk gak gelem nyusahno awakmu”
“mboten buk, mboten napa-napa acik-acik pucuking eri”
            Keringi kabar iku, yanti pacare sudrun sing wes oleh rong taun melu sedih. Padahal kurang 5 ulan maneng wes lulus sekolah. Yanti sing sebenere anake pak sugeng iku asring dijak metu bengi muleh dalu. Kadang ketemuan ning warunge muntia, iku wes biasa. cintane yanti ning sugeng ndadekno omongan warga liyane. Ujug-ujug ana kabar wong loro iku apene rabi kurang 2 ulan maneng kerungu sampek tohari, mantane yanti.
“jamput, pokoke aku gak gelem nek yanti rabi karo arek kere iku, aku kudu mandekno kedadean iki, yaopo carane aku kudhu ngelereni iki.. ??” tohari bingung, ngomong ning duqik,  kancane.
“gampang bro, gondolen yanti terus garapen arek iku, baringunu fitnahen sudrun supaya ora sido rabi.” jawabe duqik enteng.
“apik iku, mene bengi ayo rewangono aku nggarap arek iku. kokjak bapake ndelok tanah sawah, banjur aku dak nyamar melbu ning njero omahe”. Tohari ora mikir dhowo.
“tapi ana syarate, menehana aku dhuwit gawe nambal bolonge bro” nyodong tangane duqik.
“tenang broo..” jawbe tohari mbari ngguyu cilik, bubuk oleh leng.
            Bengi iku rencanane wong loro mlaku lunyu, iwak kalebu ing wuwung. Sugeng ketemu duqik dolan menyang warunge muntia.
“lek, tanah kosong sing omboe 8 hektar ning kene iku pingger ndi ya lek..??” duqik mbukak guneman marang sugeng.
“kapene lapo awakmu, kok dungaren takok tanah barang.” Jawabe rada curiga.
“ora opo-opo lek, sang konco winginane nggolek tanah, jarene apene digawe gudang, nek ana ya mengko diopahi arekke.” Nutupi kedadean sing nggarai curiga.
“yawes, mariki kowe melu aku, mengko dak sudokno.”
            Tohari nggawe topeng sawah lan wes siap pragate. Pelan-pelan melbu kamare yanti, tohari seneng nyawang yanti nggawe klambi lan sewek cekak katon sampek pupune sing putih iku. Mula dheweke  langsung nyopot klambine yanti lan kelambine dhewe. Yanti tangi lan sadar bengok-bengok, banjur tohari napuk raine yanti lan mbungkem raine kanthi semaput.
“hahaha sayang, salae awakmu bien kok mutusno aku, padahal aku bien lagek seneng marang awakmu, saiki rasakno dhewe.. hahaha ...”
Suasana sepi ndadekno tohari luwih sergep ngerakut yanti. Barang wes kesenengen, dheweke mereh liwat mburi omah ambi ora kelambenan.
            Isuke yanti sadar lan nangis wadhol menyang bapake. Sugeng kaget lan ngamuk lan janji sapa sing nuroni anake bakal diguna-guna dadi gendeng, keringi omongan iku wong desa pada wedi lan ngerasani keluargane sugeng. Tohari nyobak manasi tohari ning warung.
“aku ngerti pak, sinten sing nganu anake sampean.”
“sapa ceritanana, agen mengko dak mei dhuwit..?” jawabe sugeng.
“tapi mbok yoa aja kanda sapa-sapa lek berita iki tekan aku..!!”  keweden konangan.
“kowe iku kakean gludhug kurang udan, tenang wae, agen kok.!” Sugeng mendelek.
“iyo, aku wingi dalu ketok sudrun melbu omae sampeyan, mlakune beda, mbuh lapo, tapi ketoke lampune dipateni njur krungu swara njeritt..” tegesse tohari kanthi pelan.
Tanpa omongan pak sugeng menehi dhuwit, banjut budhal menyang dukun ing desa bajing.

Bengine sudrun sambat awake radagak enak, turu klibat-klibet ora karuan.
“cung kowe orapopo le, meripatmu abang, peragatmu ya ora kaya biyasane?.” Cetoe ibuk.
“awakku cek panase megilan ya.. apaa iki, kula siram riyen buk.”
“aja le ora apik adus dalu, turua kemulan nek kamar, tak gawekna kompres.” ngekum anduk.
“kowe istirahat sek le, awakmu pegel sedino mari nyambut gawe ngunu, ikilo umbihen tak gawekna wedang jahe.. uhukk” cethae ibuk.
            Barang isuk njemun ibuk kaget, nyawang kamare sudrun sing korat-karit kaya kapal pecah.
“mbok, anakmu, anakmu kumat, ngorat-ngaritno warungku, yaopo sampean iki anake sampean kok dadi gendeng ngene” muntia mbengok nyusul ibuk. Ujug-ujug ibuk lan muntia marani sudrun sing wes dibancang lan dipasung karo sugeng.
“pak, tolong iki ngunuh anakku kok sampiyan pasung iki yaopo. Tolong sampeyan bukak, iki ngunu duduk kewan. Le, kowe kok dadi ngene le.. sadar le..” karo nangis nyobak nyopot gembok lan ngerakut sudrun ing rubungan wong ake.
“anakmu iku mbok yo kandanana, yen wes ora usah parek-parek anakku maneh, iki akibate poilae metengi anakku.” Omongane sugeng seng dirungokake warga.
“pengeran iku adil.!! Anakku kaet cilik sampek gedhe ora tau tak didik koyok ngunu, aree apik, duwe tata krama, ora mungkin yen sudrun sing metengi yanti,  pak.. tolong pak....” tangise ibu.
            Ujug-ujug yanti teko marani rame-ramene warga lan kaget nyawang sudrun sing dipasung kaya ngunu, yanti nangis ngerakut ibuk lan sudrun. Dene yanti ora percaya lek iki kedadean marang pacare.
“pak, mboten sudrun pak, aku yakin sudrun niku tiyange sae pak, tolong sampean bukak pasung niki”  yanti nggandoli celonone pak sugeng.
“gak mungkin, gak mungkin, aku nyawang rupa-rupa amburadul, rahiku ilang.. ning endi rupa ku? Koen selidekno nak ndi rupaku?? Gowoen rene, tak gowoe muleh , dak balekno maneng  ning siraku dhewe..?? igakk, igak..” sudrun ngamuk-ngamuk ora karuan karo mendeliki lan nyuding-nyuding meripate pak sugeng.
“wak jono.. wak jono.. anakmu kumat  wak jono” bengoke sugeng.
“mas sadar mas, mas sadar..”
            Ora suwe tohari sing teko sawah nyedheki rame-ramene warga. Dheweke ngguya-ngguyu nyawang rupane sudrun seng dipasung ning nggarepe, banjur nyedheki yanti lan nenangake yanti ning mburine wong-wong. Sapa salah saleh,  topeng ireng sing nak pundake tohari konangan yanti.
“tolong-tolong, iki wonge, mas tohari sing nganu aku, bapak tolong.!!” Bengoke yanti. Banjur tohari dicekeli wong akeh lan yanti njelasake sing sebenere memperkosa dheweke yoiku tohari, merga nggawe topeng sing padha mbari kedadean bengi iku.
            Tohari ora gelem ngaku, banjur sugeng njotosi pipine lan raine tohari kanthi ajur mumur merga kenek akiqe sugeng, banjur gelem ngaku. Akhire tohari di udohi marang warga lan diarak mumeti desane. Kedadean iku ndadekna gempar warga, tohari sing udho mau di cuthat kaya cacing ing kali sing wes reged.
“bapak njaluk sepura nak, bapak ora bisa ngatur emosi bapak. Kedadean iki bapak Salah faham merga difitnah dhemit iku.” Sugeng nangis  lan ngerakut yanti sing wes lemes semaput ngerasakno cobaan iki.
            Olehe sak pendak, yanti kabare wes siap dijuduhno bapake marang wong duda kampung wetan. Sudrun ora bisa waras maneh, masia wis  ditambakake sugeng marak-marek ning ndi-ndi. Ujug-ujug warga kampung pinggir kali gempar pada ngelabrak omahe sugeng, merga tanah lan omahe ana sing digusur marang bego-begone proyek, lan tanah dipasangi patok’e pabrik. Warga padha njaluk tanggung jawabe sugeng. Nanging sugeng ora bisa jawab lan ngetokno ganti rugi merga dhuwite wes entek gawe nambakno sudrun lan kgawe kemantene anake.
“Gedhek-gedhek pabrik ngendhi-ngendhi mangan dalane tambak lan sawah, gedhene  mabrong-mabrong kanthi ora ketok pucuke saking meripat, langit wes suwek ora ono sing ndondomi maneh” cethoe sudrun.




Koleksi Puisiku MKT Terlengkap